Critane ANJAR PRAMONO
Umpama nalika lair biyen wis isa omong, dheweke mesthi bakal ora gelem dijenengke Awet Slamet. Sarehne wis kebacut, Awet Slamet kadangkala ngrasa frustasi, banjur doyan arak sing kawentar jejuluk ciu. Ngunjuk ciu kuwi padha karo menehi conto sing ora apik. Mula amerga kepingin ora kuwalat, ben ora konangan wong liya, angger ngunjuk ciu Awet Slamet mesthi rada ndhelik. Sakwise ngunjuk rong seloki, Awet Slamet pamitan Ngatemi arep nemoni wong-wong sing arep demonstrasi.
“Kowe ki mbok rasah melu-melu ndhadhagi wong sing ndhemo pemrentah, wong sing mrotes pejabat. Pemrentah kuwi kuwasane gedhe. Pejabat kuwi balane akeh, polisi, tentara, ormas lan sak piturute. Lha pangkatmu saderma rakyat wae kok ndadak kemaki!” panyentake Ngatemi nandhes.
“Aku ora kemaki. Àku mung dijaluki tulung. Dijak rembugan bab sing wong-wong kae durung nate ngalami. Mung sadermo ijol pengalaman,” wangsulane Awet Slamet.
“Halah! Rasah keminter. Lha wong pengalamanmu ruwet kok malah mbok ijolke neng wong liya. Mbok eling! Wingi kowe dikongkon panitia donasi ndaptari wong-wong sing miturutmu pantes diwenehi donasi. Sing oleh seneng, lha sing ketlisut ngarani kowe apus-apus. Bareng kowe takon bab sing ketlisut, malah diundamana panitia. Mbok mikir! Mbok aja gelem didadkne wedhus ireng!” ujare Ngatemi nyrocos tur banter.
“Dadi wedhus ireng ya wis ben. Aku malah seneng. Yen dibeleh isa nggo sate. Isa nggo tumpakan wong sing karep munggah swarga. Timbang dadi menungsa urip pisan mung kanggo awake dewe, saderma nggo anak putune, yen mati ora isa disate…, lha mbok dadi wedhus isih migunani,” wangsulane Awet Slamet karo nutupi cangkem merga kuatir ababe mambu ciu.
“Kowe nek pengen dadi wedhus ireng kene tak beleh sisan!” omong banter ngono kuwi Ngatemi njupuk bendho.
Awet Slamet mlayu sipat kuping diuber Ngatemi sing ngathung-athungne bendho. Wong-wong sing arep demonstrasi kaget, ambyar bubar ndalan. *