Maneka Warna Kawruh Basa Jawa

Manuskrip Jawa dan Abdi Dalam

Dening RIRIZ SENO *

NING JAMAN modern sing kabeh kepengene sarwa cepet, utawa istilah saiki diarani sarwa instant, bab apa wae – sapa wae, sithik akeh mesthi bakal kaelon melu kahanan. Semono uga ning bab tulisan basa, embuh basa Jawa, embuh basa Indonesia, kabeh pengen sarwa cepet lan gampang. Ora usah adoh adoh contone, yen awake dhewe nerima pesen WA SMS kuwi wae wis ora aneh maneh yen nemu tulisan sebab tinulis sbb, kowe tinulis kw, karena tinulis krn lan sak paneruse. Ya iki kabeh marga kahanan sing samubarang njaluk sarwa cepet lan gampang.

Ana maneh ning babagan Basa Jawa, sing nganti saiki terus lumaku. Tuladhane, sing dikarepake sing nulis karo kekarepane iku sejatine ora padha, teka (datang) apa teko (ceret), cara (metode) apa coro (kecoak), loro (dua) apa lara (sakit) lan liya liyane. Jane nek digateake, apa sing dikarepake sing nulis ngono ya bener maksude, ananging nek digeret mundur nyang carakan aksara jawa, sejatine ya kurang pener. Miturut penulis, ya iki kaluwihan sing diduweni kabudayan Jawa salah sijine, wis bener ning ana sing luwih maneh yaiku pener, ana unen unen ngendikane simbah biyen “bener ning durung pener.”

Kabeh babagan seratan basa jawa ngono sumbere saka carakan jawa, nek disalin nganggo tulisan latin dadi : ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga. Sak banjure ana sing diarani sandhangan swara, supoyo dadi swara U (suku) – O (taling tarung) – I (wulu) – E (taling) lan liyane, tinambah ana ater-ater (awalan), seselan (sisipan), panambang (akhiran).

Bab carakan, sandangan lan imbuhan

About Admin SEIDE

Seide.id adalah web portal media yang menampilkan karya para jurnalis, kolumnis dan penulis senior. Redaksi Seide.id tunduk pada UU No. 40 / 1999 tentang Pers dan Kode Etik Jurnalistik (KEJ). Opini yang tersaji di Seide.id merupakan tanggung jawab masing masing penulis.